Langganan

Geguritan Faris Al Faisal

Newswire  - Espos.id Jagad Jawa  -  Kamis, 8 Juli 2021 - 22:19 WIB

ESPOS.ID - Juru parkir (Jukir) mengenakan seragam baru berupa baju lurik dan blangkon hitam saat apel di Jl. Slamet Riyadi, Solo, Kamis (1/8/2013). Penggunaan pakaian tradisional sebagai seragam juru parkir itu diharapkan bisa menjadi cerminan Solo sebagai kota budaya. (JIBI/SOLOPOS)

PUJIAN KANGGO CELANANÉ

Wis digunakaké Celanané Mlebu kaloro sikil Nggoleki jangkah lan dalan Menyang jagat sajak Aku lunga menyang kutha-kutha Saben dinané Angin nyebulaké kain iku Menehi wujud ing lipetan Sing apik tenan Banjur, aku muji Tembung katresnan kanggo dhewéké Indramayu, 2020

NGANGGO BLANGKON

Karo tanganku Aku nganggo blangkone mbah kakung Mésem ing ngarep pangilon Mbayangna pangéran jawa Nggantheng lan wani Wong priya sekuduné Legenda jaman, dadi pahlawan Indramayu, 2020

SEPATU ABANG

Pasangan sepatu abang —tengen lan kiwa Aku nggawe kaya kita Dijéjéri, langkah beberengan Menyang dalan Menyang pangarep-arep Indramayu, 2020

KALIGRAFI STRIMIN

Dhéwéké isih gumantung Kaligrafi strimin gawéyan ibu —sulaman basmalah Saka benang wol Werna-werna kluwung Digambarké ing kain kasa kandel Saben wektu aku maca Lan aku krasa tresna Indramayu, 2020

CÉLÉNGAN GAJAH

ASBAK

Asbak saka tembaga Ing méja dadi kanca setya Mbokmenawa wis ora kaétung Pira udud kobong ing kono Kemelun mabur kaya kupu-kupu Pikiran lan ati mbukak Aku kandha, apa ora bosen Mung dadi wadah awu Lan tegesan? Indramayu, 2020

Faris Al Faisal lair ing Indramayu, Jawa Barat, Indonesia. Saben dinané nyambut gawé ing Komite Sastra, Dewan Kesenian Indramayu (DKI) lan Lembaga Kebudayaan Indramayu (LKI). Asmané mlebu buku “Apa dan Siapa Penyair Indonesia” Yayasan Hari Puisi. Tulisan-tulisané kaya puisi, cernak, cerpen, cerita remaja, lan resensi kapacak ing koran Indonesia lan Malaysia. Saiki nulis puisi-puisi basa Jawa. Sampun kapacak ing Majalah Djaka Lodang, Majalah Jaya Baya, Solopos, Majalah Swaratama, Majalah Panjebar Semangat. Buku puisiné yaiku: “Bunga Kata” penerbit Karyapedia Publiseher (2017) lan “Dari Lubuk Cimanuk ke Muara Kerinduan ke Laut Impian” penerbit Rumah Pustaka (2018).

Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif