Langganan

Geguritan Kartika Catur Pelita

Kartika Catur Pelita Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Selasa, 30 Agustus 2022 - 21:40 WIB

ESPOS.ID - Ilustrasi objek wisata Pantai Kartini di Kabupaten Jepara. (Solopos.com-Adhik Kurniawan)

Pitutur Biyung

urip kuwi warnane ora mung abang, kuning, ijo uga ana warna klawu lan lembayung ora padhang, ora peteng, nanging isa dadi pangilo ben urip ora kesasar, ora bingung

urip kuwi ora dhewekan, ajara srawung ben angen-angen ora mung sakdhuwure wuwung ora kaya sing dikarepku tegese durung kepinginan kawujud amarga upaya lan manut pituture biyung

urip kuwi saumpama lemah garing kokidak orang nempel, ora muring-muring yen biyantu idhepa kaya wong ngising ajangomong, ora usah dieling-eling wong nandur gabah yo thukule pari wong nandur meri metune eri

urip kuwi kaya wong mampir ngombe yen wis ilang ngelake jaga lambene aja ghibahndhak marai crah sapa liyane ben selamat uripe wayah sesuk embene wong urip kuwi sapa sing salah seleh wong becik ati disayang dening Gusti Allah

Dalan Blethok Growong

Wis kedaden, Yune beras apik kakean kowenei banyune dadine ora sega nanging bubur nggambarake ati sing ajur mumur

wis kebacut, Yune umpama mepe kasur, guling, kelambune ngarepke panas, malah nemoni udan teles klebes ora isa nggo kemulan

wis kadung, Yune bayi sing kokandhut aja digugurke becik openana nganti wayahe lairan yen ora isa ngopeni paringna panti asuhan

sakjane sliramu kuwi seksi sejarah ora nujes apa maneh mbedhili mungsuh awakmu kapilih dadi kurir telik sandi awakmu upaya nylamur ben pesene tekan para pejuwang ngerteni kekueatane lawan

sakjane sliramu kuwi saksi sejarah ora perlu ngerek gendera, ora perlu adu peluru awakmu cukup mbiyantu nok dhapur umum nyiapke ransum kanggo para pejueang, ben nduwe tenaga ngusir para penjajah saka bumi Nuswantara

Kutha Jepara, Agustus 2022

Janji ing Pante Kartini Jepara

Neng Pante Kartini Jepara sing endah warna neng ngisor patung kura-kura raseksa angin sembribit mangsa rendheng wis meh diganti wayah ketiga aku kelingan sliramu sing ayu sulistya rupa raga

neng ngisor patung kura-kura raseksa aku karo slira Asmaradana urip tekane pati wong loro ora bakal pisah, ditaleni katresnan nyatane lambe lamis, lunyu, tega mblinjani janji rika milih priya liya sing luweh akeh donya, aku isa apa?

neng ngisor patung-patung kura raseksa aku thenger-thenger sengaja mrene mung ben isa tambah kelingan mangsa seger jarene sliramu mukti karo wong lanang pilihan wongtuwa jarene sliramu ngajak aku ning Pante Kartini ben pedhot katresnan iki aku luwih percaya yen iki kabehe pancen wis takdir Mahakuwasa sakumure aku netepi janji ora omah-omah nganti tekaning pati

Kutha Jepara, Agustus 2022

Kemladheyan

Sakjane ki kowe bodho apa mbodhoni? sakjane kowe ki edan apa ngedan? guneman ngalor-ngidul, adul-adul senenge caturan, cekakakan rakno bongkot pucukane

aku seneng kembang kenikir, nanging emoh melu kenthir aku seneng kembang goyang, nanging emoh melu ngomyang aku demen pindhang cemplung, nanging emoh melu gemblung aku demen kembang kacang, nanging emohnduwe kanca curang

wis wayahe kemladeyan tak tegor saka atiku!

Kutha Jepara, Agustus 2022

Kartika Catur Pelita, prosa lan puisine kang abasa Indonesia lan basa Jawa kapacak ing puluhan media cetak-daring. Nganggit buku kang asesirah: Perjaka, Balada Orang-Orang Tercinta, Kentut Presiden, Perempuan yang Ngidam Buah Nangka, Karimunjawa Love Story. Founder komunitas Akademi Menulis Jepara (AMJ).

Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif