Langganan

Geguritan Nimas Padmi

Nimas Padmi Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Minggu, 14 November 2021 - 22:58 WIB

ESPOS.ID - FOTO SRAWUNG SENI CANDI : Perempuan Menari di Pelatan Candi Sukuh

Ing Meja Dhahar

Aku ngicipi wingit Lan esem asin kang cemepak piring Dudu priya sekda Utawa srengenge ketusuk sada pandom takdir Kaya janji lamis marang driji manis

Sakabehe ora katon werna blawu Yo mung memper glegeken, mandeg dada Kelempet ing netra

Dumadakan aku percaya Esemme priya kerep njanmo wisa Ing gelase wanita Purna

Kayadene sliramu, aku wis nora ngangkah anane patemon Nadyan rasa kangen tansah ngalengen Nenembak prastawa kang gumelar ing gelas ginelar

Yekti pepinginan kanggo ngrengkuh cayamu Wus suwe dakilangake Sakliring udan Dimen nora dadi atur ing rerengketing kembul bujana

Aku wus sayah, ngukur lelampahan kang asring nalikung Ing cumethering bagaskara, arloji cuwa Banjur kaprimpen ing gumuke lang-lang Adoh, sakdurunge kawruh tuwuh Biwara yen jiwa nora padha dene angrengkuh Solo, 2020

Setu Paing

1/ Sugeng tindhak, ibu Matur nuwun Tumrap tresna lan garbamu 2/ Ibu miwulang akeh babagan Salah sijine kapang : lan rasane perih tenan 3/ Saiki aku wiwit ngerti Surya ora luwih crita lawas kang brai Gumantung blawu ing mega Nengeri pandom jam : duhkita Solo, 2020

Mila kanggo ganti Daktulis geguritan Kanggo kanca, ngluluske bodho kang tanpa tida 2. Njoget kenes ing suwungmu Njanmo jangkrik, pewayangan uga gambar Cukup iku Minangka nuduhke anaku Solo, 2021

 

Kreteg Tjampuhan

Sakdawane kreteg, aku kekancan karo wingit Tan ana panggon kanggo sendhen Wiwit srengenge sungsang lan menehi tetenger palang Ing dadaku kang sempal

Jangkah-jangkah dawa pasuryan londo, ora kendho liwat Ora ana guneman, sewu basa kaya-kaya ilang Memper wewayangan bapa biyung, aruh-aruh suwung Asat nggering ndalan, amarga tan ana katresnan Nalika mlaku kesayahan

Mula ngertenana, yen kala mangsa aku milih dalan dewe Nglaras wangi saka kemboja, ewondene saben wektu ora mandeg dedonga

Sakdawane tjampuhan, aku ngiderke garise tangan Tumprap angin, gapura uga patung dewa Sinambi ngrapal cubluk wektu Muga-muga wit-witan ora krungu Kepara atiku pating glodag, netepi kahanan sowak Ing kreteg iki, aku wuyuing bola-bali Ubud, 2017

Gamelan, Gendhing, Crita Lawas

Nate daksimpen rasa sengit marang gamelan kuwi, ibu Amarga tansah kumandang swaramu, anyubya kelangenan Nalika tekamu njangkepi kenese para wiyogo kang ora nate sayah Mbiyen, nalika aku prawan kencur Kabeh ino daktampa, wiwit sindhen mbok piih dadi dalan crita

Nate daksimpen getem-getem Ing kanthongan rok abu-abu Lan nyatroni meneng-meneng, saben ibu mulih nyinden Banjur ngarep sakkabehe mandheg Mungkasi dukane bapak uga angin sengak Wektu kuwi, aku isih 17 – nalika ego trengginas Lagi yuswane ibu 40, kanthi emosi durung seleh Sawetara dina-dina lumaku ngglece Ora nyisihke bagya, apa maneh rumaket antarane kluwarga Gamelan terus ditabuh, ngancani congkrah saben-saben Solo, 2019

 

Grenengan Ijen

1. Aku wiwit mbregudul tumrap tetege mangsa Kang kayadenge cidra Sakwise wektu mertamu

Sujud iki tansah klisikan, pitakonan Sapa mbesuk kang nyedekahke tresna ing pungkasan donga? Nalika tangan buyutan, nalika pipi wis ora kenceng Sawetara wengi samsaya nglangut Mertandani uwan lan kisut

2. Sakumpama takdir iku dolanan Mungkin aku lan sliramu sida kencan Andum asmara, sinambi nglaras pangestune kadang mitra Sakbubare sahadat diwaca Sak umpama Solo, 2021

Warung Lokajaya

1/ Ora merga sego bungkus, kopi lan gorengan podho guneman wengi kuwi, nanging kawigaten awakmu. Nglumbrug ing bangku dawa lan dakrahabi saknalika. Karo deg-degan ora karuan. Ing kursi bunder, 2 rokaat manjing solat. Mlebu ing gendhul mineral, mertelake wengi samsaya ndugal. Nyatroni kuwatir sate kikil uga secuwil impen kang cethil, tumrap jantung wanita. 2/ Uga ora mergo wedang jahe, gurit iki ora dirampungke. Ananging pekewuh ngebaki, ngejak mandheg dolanan impi. Cukup marang tahu susur, arum patemon dakcampur. Sakjroning mie. Supayane nalika kilometer jarak ndawa, esuk ora ngebul lara lapa. Pancen tan ana sesambungane sego bungkus lan tapak sepatu. Nanging gumyak aruhmu, agawe kepengin wudhu. Ndhlosor dumadakan dikepung ganji kahanan. 3/ Marang sliramu, arum tembalang daktitipke. Ing rangsel ireng kae. Panggon dhedonga saksuwene. Solo, 2020

Nimas Padmi, penggurit saka Solo. Pirang-pirang tulisane nate kapecak ing koran.

Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif