Langganan

Geguritan Suryo Domas

Suryo Domas Sri Pb Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Sabtu, 20 November 2021 - 21:08 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Kepriye Wujude Gajah?

Ana wong wuta lima pada congkrah rebutan bener wujude gajah ora ana sing gelem ngalah apa maneh ngaku salah

Oh, mangkene kang ingaran gajah dawa kaya ula ginak gunuk kaya lintah

Ora yo, aku wis mestekake kanthi awas gajah iku sajatine kaya tepas

Halah, kakehan lambe nganti domble mangertiya, gajah iku kaya wit jambe

Aja kemeruh yang pancen ora weruh wus nyata gajah iku mblegug kaya bedhug

Iki yen dibacutake bisa marai gelut aku wus nekseni dewe gajah iku mamper welut

Bedaning panggrayang nuwuhake beda panampa Kudu kanthi pajaring paningal supaya nyata wujude kang nunggal Nanging, Kang mangkana iku wus kaya dongeng padinan kumawasis rebutan bener anganggep kleru kawruhe liyan amarga saka pikire winatesan ing kawruhe apa mangkana iku wong kang ingaran padha cekak budine?

Nyipta Geguritan

 

Putraku

Ngger, putraku Mangertiya rikala bayi asring nganthi tengah wengi durung bisa turu dakgendhong dakkudhang banjur daktembangake Dhandhanggula memanising hasthasila

Bokmanawa swaraku blero ing pangrungumu merga kurang waspada ing titi laras andayani awakmu ora bisa nglaras nanging nyatane awakmu banjur angler

Saiki nalika coba daktembangake maneh nalika awakmu mapan ing gendhonganku banjur kowe takon iku tembang apa dakcritakake rikala jaman samana dakturu-turu kanthi tembang kasebut

Sakha, putraku, mangertiya Eba bungahe atiku Nalika kowe sumaur tembange apik

Lilipur

Ora gampang nglipur atiku sajroning gonjing sanajan larasing gendhing kang ngrangin ngumandhang saka niyaga kang linuwih pancen nganeh-anehi ora kaya adat sabene

Matur sembah nuwun saiki aku wis lerem Marem atiku rumangsa kalipur sajroning gonjang gonjing sarana gendhing kang ngrangin Ian nganyut­anyut ngumandhang ing batinku Gendhing saka larasing sabda suci

Pancen bener Ora ana lilipur kang adheme kaya ngadhepake ati Marang Gusti

Tangga

Tangga kang ngentasake memeyan nalika udan tumiba dumadakan

Tangga kang disambati rikala kenthekan uyah nalika nyambel supaya mangane bungah

Tangga kang ngelingake nalika tengah wengi lawang durung minep lampu isih pajar bokmenawa keturon kepati angel tangi pit onthel isih gemletak ing latar

Iya mangkana iku urip bebrayan lung tinulung ajen ingajenen samad sinamadan saiyeg saika kapti

Pancen bener Sedulur paling cedhak Iku tangga teparo

Solo, Februari 2021

Suryo Domas Sri PB Sutresna Sastra Jawa, dedunung ing Solo.

Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Geguritan Gajah
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif