Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

Sowan Simbah

author
Jumat, 15 Mei 2026 - 13:56 WIB
Sowan Simbah
ESPOS.ID - Kakek dan nenek. (Istimewa/Freepik).

Esposin, SOLO -- Angampet seseg swara kang keprungu saka sawalike tembok. Perihe rasa kang banget den umpetake, anjalari ambegane sawetara kaampet. Sikile jinjit, ndhrodhog kang ana sajrone dhadha. Swarane wanita lan priya sing ana jroning paturon, sangsaya anjarag eluh kang kumudu-kudu tumetes.

“Tujune Pak e, bojone Gunadi mentas bae ngowahi padatan. Yen ora ngono, njur apa maneh kang bisa dianggo.”

Mendamba Ketenangan, Lansia di Indonesia Justru Paling Rentan Tak Bahagia

Caket-caket krungu guneman kang bungah nanging kaya-kaya nyingidake rasa. Ngarah ngaweruhi cethane rembugan, kupinge ditemplekake tembok. Nganti swara ambegan wae bisa jelas tumeka kupinge.

“Iya Bu, ning yen bocahe peparing dhuwit aja nganti ditampa ya. Yen perlu nganggo didukani, aja nganti gawa-gawa maneh.” Swara iki kawetu kanthi unine ambegan kang kaya dipernah-pernahake, diampet supaya ora banget-banget gedhe.

“Arepa kaya ngapa kahanane Bapak lan Ibu, yen swasanane kaya ngene. Ya wis kaya sing wis biyen-biyen wae, waton nyenyilih sih bisa dipercaya uwong. Rak ya ngono ta, Bu?”

Ana guyu saka kekarone kang kawungkus ambegan, kang nglelipur pikire saka judeg kang dijalari kahanan. Seseg anyawang kang cumawis ana ing meja, saya rapet tempuke lambene kang gumeter. Kencheng anggone mandheng, nanging kang kagambar ora nunggal papan.

Bocah wadon iku ora age-age salin sandhangan, malah mung wira-wiri isih nganggo sragam werna putih kang ana tulisane Kawistara W. P. Swara ambegane saya nyethakake kahanane kang lagi suntrut. Kamangka dina iki wis diprentah tata-tata. Gunadi sak keluarga arep mudhik menyang Wonogiri kaya taun-taun sadurunge.

“Trenyuh sanget kula mirengaken Pak, Yua sampun sekawan tahun mboten saged sowan griyane simbahe. Cariyose mboten gadah arta.”

Yuana jeneng jangkep e bocah wadon kang diceritakake putrine. Bocah wadon sing kalawan putrine wis kekancan wiwit sd, mula Gunadi lan garwane uga wis apal banget karo sujarahe.

“Lah tekan Semarang menyang Blora iki isih adohan menyang daleme simbah lo, Tara.”

Karepe Gunadi mung arep kandha yen ora duwe dhuwit kuwi mung alasan lawas. Amung putrine malah jlentrehake. Lan ceritane mbok menawa ora beda kalawan nalika Yua ngandhakake kahanane.

Pancen adohan Wonogiri, luwih irit ongkos menyang Blora. Nanging saben riyaya dhuwite bapak ibu kaya mung cukup gawe tuku tiket nyel. Simbah ning desa ya pensiunan pegawai negeri nanging wis tuwa.

Kandhane wong tuane Yua kang den ceritakake Tara, “Sampun ngantos sowane Yua sakaluwargi, namung ngreribedi penggalihe simbah. Sowan niku pikajengane nambahai raos bingahe simbah sanes kosok wangsulipun.”

Simbah ing desa aja kongsi kesusahan mikir prabeya tekane Yua sakeluarga. Mula sak ora-orane, kudu ana dhuwit kanggo belanja. Ora kabeh apa jare simbah. Urip ana desa pancene regane apa-apa luwih murah. Nanging redana kanggo srawunge luwih gedhe.

“Mesakaken Yua, mboten saget bingah kados Kula, saben tahun saged sowan simbah, napa maleh menawi wonten wanci ingkang cekap sanget. Kados wekdal sak mantune ujian semester.”

Jalaran kuwi Gunadi anane mung gedumel ana jroning pikirane. Katon polatane ning kala mangsane uga amung lam-lamen putrine sing tansah nekuk rai lan mecucu.

Wiwit biyen sambang simbah dudu perkara sing jalari putrine kepincut, yen sedyane mung ngajak mulih menyang Wonogiri. Umpama bisa dipeksa anane mung tansah grundel. Jalaran ana omahe Gunadi internet nyata-nyata isih rekasa.

Nganti nalika sowan sing kapindho, bapake Gunadi nylamur putune ngajak dolan menyang Jogja. Tekan seprene nalika sambang kulina luwih akeh dolane tinimbang meneng ana omahe simbahe. Lan ana mangsa sabanjure, Gunadi wis duwe inisiatip kaya sing diwiwiti simbah kakunge bocahe.

Wis luwih saka telung dina, putrine tansah sengol yen diajak caturan. Yen ana kahanan kang jalari mung wong loro wae, putrine gage-gage nginggati.

“Woalah arep sampek kapan?”

Ambegane kawetu kanti kaya ngrenah udhare jiretan kang keket ing dhadhane. Dudu ora weruh jalarane, nanging kepiye mrantasine. Merga yen kandha apa anane, mestine wae bocahe bakal adul-adul menyang simbahe.

Yen arep ngejokake ibune bocahe, wiwit cilik mung dheweke kang bisa mbebujuk putrine. Bocah wadon sing ora beda kaya ibune, ya garwane kae. Kamangka dheweke janjane uga wis duwe perjanjian bab dhuwit belanja kalawan bojone.

Ana rasa entheng ning uga bingung, nalika dumadakan Tara nyedhaki lungguhe. Arepa judhek, sesek, lan pait durung ngalih saka rasane. Gunadi mesem kanti banget ditata, ora ngembari marang putrine sing mbesengut kae.

“Kadingaren, Gun, kok kowe durung dolan-dolan?” Mak tratab, cetha swarane bapake wis krungu sak durunge katon ana ngarepe, “Tara opo ya ora kepingin menyang papan dolan anyar kae ta?”

“Bapak niku loh Kung, Tara sampun nyuwun wongsal-wangsul.”

Dleweran keringete Gunadi kang jalari gegere krasa kelet. Tangane gegem-gegem, ngampet sak sembarange, isine pikirane amung tansah gumreneng. “Trahe bocah ora tahu diajari prihatin marang wong tuane tenan. Kok ya ora dhong, kakunge kae wis pirang dina yen ora udut. Kopine wae sedina mung sacingkir.”

“Menika sak estu kula jarag, Pak. Bocah kok angger sowan Simbahe sing dipikir dolan wae.”

Alasan kang wus ditimbang bola-bali kuwi den aturake, nganggo swara kang nuduhake sepira manteb katetepane. Gunadi rada ngangkat sirahe, banjur mandeng netrane Kawistara.

Bapake katon manthuk-manthuk kaya ngakoni yen Gunadi ora salah, dudu babagan kang mokal merga pancen ora luput anggone nyethakake. Kasunyatane Kawistara uga wis bali ndhingkluk maneh.

“Nanging babagan janjimu, yen Tara bisa peringkat pertama kepiye?”

Jebul sak kabehane wis disetorake marang kakunge. Kamangka sak eruhe, jalaran nesu putrine amung metu saka kamar yen arep mangan lan adus. Babar blas ora metu yen wektune ngumpul sakaluwarga. Atine dadi tansah kebak pitakonan, gek kapan olehe wadul.

Gantyan, Gunadi kalawan bojone lan putrine tata-tata perdandan. Bojone sengaja dikongkon paling dhisik. Adate yen diwenehi kalodhangan paling keri sak omah kudu ngenteni, wiwit isih katon padha seger nganthli kucel.

Sak banjure wayahe putrine. Rada suwi ning durung kaya garwane, wajar bocahe isih SMP durung sepira a wanuh apa wae kang kudu didandani. Ana ing mangsa kuwi, Gunadi ora bakal kelangan kalodhangan maneh.

Jero anggone nyawang mripate putrine, lirih ning digawe teges samubarange den udharake.

“Bapak ora bakal oncat saka janji kok, Nok. Nanging rak ya ora apa-apa ta ajar sabar sithik. Wulan ngarep tumbas hpne, yen Bapak wis bayaran.”

Bocahe wis arep bengok-bengok, nanging sak cepete Gunadi nemplekake driji panudinge marang tutuke Tara.

“Tara ngertos Pak, namung mawon Bapak kan sampun janji ngajak dolan. Namung ketingalipun sedaya janji, bapak badhe mboten nindhakaken.” Bocahe ngusap eluh, senadyan sinambi bisik-bisik. Ambegane kang rada besesegen jelas keprungu.

“Nanging sawangen, Kakung kae wis ora udut lan ngopi pirang dina? Mula Tara rak ya apal ta kesenengane Kakung.”

“Tara ayo aja suwe-suwe, mengko kakung mundhak telat tampile.”

Ngecepres Tara cerita, meksa dheweke ngrungokake tanpa bisa selak.

Dina iki bapake arep nampa job ngendhang ana Jogja. Ana acara tedhak siten, kang digelarake wayang kulit. Dhalange saka Surakarta, nanging murih gendhing kenthel rasa ngayogjane mula bapake Gunadi sing ngendhangi.

Jan-jane sih ana alasan, nanging sing dadi alasan wus ora njurung kekarepane Gunadi.

“Uti ya arep melok sisan kok, arep ngenyangi pertemuan Pamor Radio ana Jogja, kang wis suwe banget ora dhuwe kalodhangan nekani.”

Apa kang dadi angen-angen e Gunadi buyar, dhuwit kang den iwit-iwit murih bisa ninggali bapak lan ibune nalika bali mengko, wis alamat bakal gusis. Kanggo bensin, mangan, lan prabeya liya-liyane.

“Gun, mreneya?”

Kanthi busana jawa Ngayogyakarta jangkep kang paling gampang katitik saka blangkone, Gunadi den awe dene bapake. Menehake dhuwit sing nyata kandele ngluwihi isi dompete Gunadi, sak anane warna abang.

“Mboten mawi ngeten niki ta Pak, Gunadi sampun wonten.”

“Dhuwite Bapak lagi akeh iki, la piye mari nampa bayaran gek isih arep ngejob maneh iki.”

Aja a kalong, dhuwit sing diparingi bapake ae malah isih turah. Gek pas arep dibalekake turahe ya ora ditampa. Ulate bapake jan kaya pas nukokake panjalukane nalika isih timur biyen. Senenge praupane ana jaman semana, jan nyata padha kaya kang katon saka guyune Kawistara kang nampa Iphone saka utine.

Wengi nuju wayahe mulih menyang Semarang, den trima yen kayane nalare nyata durung sumulur nadyan putrine wis remaja. Nyatane pocapan kang marai seseg ing dina wiwitan dheweke sowan, kajawab dene pesangon lan hp kang marai Kawistara sumeh sak dawane waktu.

Bocah wadon sing nalika Gunadi gawa-gawa babagan solah slagane bapake. Tara malah seneng, jalaran kakunge wis ngomong dhewe, yen ora rokokan lan ngopi murih bergas lan ora sulaya mentas sewengi natas.

“Ya wis ta Pak, ibu lak wis ngelingake ta, wong bapak rak ya wis suwe ora nampa karawitan sewengi natas.”

“Iku ya kesel, nanging bapak nyoba ngeklasake koleksine bapak kae. Keduwekan kang diolehi kanthi rekasa pas jaman aku isih sekolah biyen kuwi lho, Bu ....”

Wis embuh kaya apa polah lan pasuryane ibu lan bapake. Nanging arepa dikaya ngapa, merga ora bakal dheweke ngatonake yen weruh kahanan kang anyar wae, nanging sarana nguping sing ora diseja.

*Hendrini Esvi Wastiti 

Pandhemen uga pangripta sastra. Sakmenika mapan wonten ing Pronojiwo, Kabupaten Lumajang, Jawa Timur. 

 

Editor
Ika Yuniati -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Espos.id

Gawe Omah

Espos.id

Tempe Mlandhing

Espos.id

Blabag Kayu Nangka

Espos.id

Sowan Simbah

Espos.id

Dudu Swarane Kekasih

Espos.id

Semendhe Kersamu

Berita Lainnya
Espos.id nasional

BMKG Prakirakan Hujan Lebat Disertai Petir di Sejumlah Kota Besar Hari Ini

BMKG memprakirakan hujan dengan intensitas sedang hingga sangat lebat disertai petir dan angin kencang berpotensi terjadi di sejumlah kota besar pada Senin (23/11/2026), sementara masyarakat pesisir NTB diminta mewaspadai banjir rob hingga 26 November.

Espos.id nasional

Sekolah Rakyat Tahap III Dirancang Tampung hingga 3.000 Siswa per Lokasi

Kementerian Pekerjaan Umum menyiapkan pembangunan Sekolah Rakyat Tahap III di 100 lokasi baru dengan kapasitas yang direncanakan meningkat hingga 3.000 siswa per lokasi, menyesuaikan kebutuhan peserta didik dan ketersediaan lahan.

Espos.id nasional

Elite Gerindra Berkumpul di Hambalang Jelang Tenggat Usulan Cawapres

Sejumlah elite Gerindra dan pejabat pemerintahan mendatangi kediaman Prabowo Subianto di Hambalang menjelang tenggat pengajuan dua nama calon wakil presiden kepada MPR pada 25 November 2026, meski agenda pertemuan belum diungkapkan.

Espos.id nasional

Ini Daftar Kapolda dan Wakapolda Baru Hasil Mutasi Polri November 2026

Kapolri Jenderal Polisi Suyudi Ario Seto memutasi 107 perwira tinggi dan menengah Polri, termasuk enam perwira yang mendapat penugasan baru sebagai kapolda dan enam lainnya sebagai wakapolda.

Espos.id pendidikan

Kresek Indonesia Jadi Inspirasi, Green Narrative Siap Hadir di UMK

Bakti Lingkungan Djarum Foundation (BLDF) berkolaborasi dengan UMK dan Solopos Media Group (SMG) menggelar kegiatan tersebut di Auditorium Universitas Muria Kudus, Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Kejagung Tetap Proses Hukum Riza Chalid meski Buron di Luar Negeri

Kejaksaan Agung tetap memproses perkara dugaan korupsi tata kelola minyak mentah PT Pertamina yang menjerat Muhammad Riza Chalid meski tersangka berada di luar negeri, termasuk membuka kemungkinan persidangan in absentia dan tuntutan hukuman mati sesuai ketentuan hukum.

Espos.id nasional

RI-Cina Teken 35 Kesepakatan Rp274 Triliun di Shenzhen, Ini Rinciannya

Presiden Prabowo menyaksikan penandatanganan 35 kerja sama bisnis RI-Cina senilai Rp274 triliun di Shenzhen, mulai dari smart city, EV, hingga etanol.

Espos.id nasional

Gempa Magnitudo 7,2 Guncang Maluku Barat Daya, Getaran Terasa hingga Kupang

Gempa bumi bermagnitudo 7,2 mengguncang wilayah Maluku Barat Daya pada Sabtu (21/11/2026) sore dengan kedalaman 125 kilometer, getaran terasa hingga Kupang.

Espos.id pendidikan

Siswa SMPII Al Abidin Kota Magelang Raih Perak Kejuaraan Karate Nasional

Prestasi membanggakan kembali ditorehkan oleh siswa SMP Islam Internasional (SMPII) Al Abidin Kota Magelang. Kali ini, Muhammad Ikbar Hadiputra berhasil mengharumkan nama sekolah dengan meraih medali perak (Juara 2) dalam ajang National Karate Championship Bhayangkara Eager Series II pada kategori Kumite Under 45 kg SMP Putra

Espos.id pendidikan

Tak Cuma Kejar Target, Begini Cara Siswa SDII Al Abidin Sukoharjo Jaga Hafalan

Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo menerapkan pembiasaan program Tahfidz yang tidak sekadar mengejar target hafalan, tetapi melatih kesabaran, tanggung jawab, dan konsistensi.

Espos.id pendidikan

Dukung Bakat Siswa, SMPII Al Abidin Klaten Bentuk Skuad Futsal Albiten

SMPII Al Abidin Klaten menghadirkan Skuad Futsal Albiten sebagai wadah pembinaan sekaligus pengembangan prestasi siswa di bidang olahraga futsal.

Espos.id pendidikan

103 Siswa SMPII Al Abidin Karanganyar Jelajahi Laboratorium UNS dan Tahir Museum

Kegiatan EDUVENTURE juga menjadi wujud komitmen SMPII Al Abidin Karanganyar dalam menghadirkan pendidikan yang relevan dengan kebutuhan dan tantangan masa depan.

Espos.id pendidikan

Menag dan Kemenag Raih Penghargaan di Bidang Komunikasi Publik

Espos.id pendidikan

Cetak Pemimpin Muda, SMPI Al Abidin Surakarta Gelar Diklat Dewan Galang ACTION

Kebersamaan peserta semakin terbangun melalui kegiatan memasak dan makan malam bersama serta pentas seni antarkelompok. Setiap kelompok mendapatkan kesempatan untuk menampilkan kreativitas dan keberanian mereka.

Espos.id pendidikan

Ditempa di Arena Tinju, Siswa SMA ABBS Sukoharjo Raih Perak Kejurnas Kick Light

Melalui pencapaian ini, SMA ABBS Sukoharjo berharap semakin banyak murid yang terdorong untuk mengenali potensi diri, mengembangkan bakat, dan berani berkompetisi secara positif.

Espos.id pendidikan

Siswa SDII Al Abidin Klaten Olah Limbah Koran dan Botol Jadi Kerajinan Bernilai

Dengan bimbingan para guru, setiap kelompok berdiskusi, merancang desain, hingga mengeksekusi pembuatan karya secara bersama-sama, misalnya botol plastik bekas disulap menjadi tempat pensil meja yang unik dan penuh warna.

Espos.id pendidikan

Sehat dan Bugar! SDII Al Abidin Salatiga Gelar Senam Pagi Tiap Jumat

Senam pagi tiap Jumat menjadi salah satu agenda mingguan sekolah yang diikuti oleh para siswa, guru, dan tenaga kependidikan dengan penuh semangat dalam upaya membiasakan pola hidup sehat sejak dini.

Espos.id pendidikan

ABC RUNWAY TKII Al Abidin Yogyakarta Kenalkan Alfabet lewat Fashion Show

ABC RUNWAY mengintegrasikan beberapa aspek perkembangan anak, mulai dari kemampuan mengenal huruf, penguasaan kosakata, keterampilan berbahasa, kreativitas, hingga perkembangan sosial emosional.

Espos.id nasional

Ahmad Luthfi Raih Penghargaan Tokoh Percepatan Investasi dan Kawasan Industri

Luthfi pun menyampaikan terima kasih kepada seluruh komponen masyarakat atas kontribusinya dalam pembangunan daerah. Penghargaan yang diterima diharapkan menjadi motivasi untuk memperkuat kolaborasi dan meningkatkan kesejahteraan masyarakat Jawa Tengah.

Espos.id pendidikan

Asah Kemampuan Berpikir, KB TKII Al Abidin Surakarta Ajarkan IT Tanpa Layar

Melalui pendekatan ini, siswa diperkenalkan pada dasar-dasar berpikir komputasional, seperti mengenali pola, mengikuti instruksi, menyusun urutan langkah, merancang strategi, dan menemukan solusi dari sebuah tantangan.