Esposin, SOLO --
1. Tempe Mlandhing
Lenga klentik sing wis nggremet umep ana wajan
Meniti Jalan Terakhir menuju Paris
tumuju mongah-mongah
puluhan tempe mlandhing lan kemulan glepung wis polah
ana ing baskom blirik ules ijo
sing kawit mau didhekepi bojo
Geneya isih gandrung tempe mlandhing?
pitakonmu gawe lucu -- merga ing slempitan pasar kutha
wis ora ana
gorengan tempe mlandhing sing cemepak ana piring
njejeri legane esem gelas kopi
gawe bali menyang tentreme ati
Ing kiwan omah, wit mlandhing kabotan
ombyokan pating gegantungan
mung kari nelungke, diwadhani tenggok
banjur dioncei mbaka siji
kari mikir saiki; kanggo tempe goreng maneh apa ganti bothok teri.
Semarang, 2026
2. Tempe Semangit
Gandane ngelingke hawa sangit
nyegrak menyang lurung irung
tempe semangit kadhang diburu merga kanggo nggenepi bumbu
kemebule sambel tumpang ngawe-awe nantang
sak pincuk cukup kanggo paitan lunggung jigang
Karep kesirep merga sing dodol
krasa bola-bali dilarisi
sambel tumpang ora pantes diperangke karo sabel kacang,
sambel petis, sambel rujak
tekan sambel korek karo lombok setan
Yen bakule luwes lan pinter
sambel tumpang jroning manci perlu dibukak tutupe
supaya gandane ngajak sing lewat dalan
ndadekake kepencut mampir sarapan
merga kenthel gurihe nduweni rasa seje.
Semarang, 2026
3. Tempe Benguk
Esuk uthuk-uthuk, mbah Dipo wis mlipir galengan sawah
miyaki wit kacang ijo lan mbayung sing ngrembuyung
mumpung sedulur Jakarta dan Surabaya teka mertamu
enggal pethikana lilamu
Pancen ing pawon isih ana simpenan
tempe benguk nunggu digarap kanthi mathuk
kepengine arep digoreng apa dibacem
kareben rembes lengane rasa gandem
Ing pasar, bakul-bakul nata tempe benguk kawit esuk
kependhem campuran pecel
irisan karo begog tekan thokolan mlandhing
sejene bayem, cipir lan kecambah
sing pedhese gawe lambe ngoceh: whuah! whuah!
Semarang, 2026
4. Tempe Bosok
Tempe bosok kanggo gegenep tumuju
legokan lumpang
nalika racikan jamu wis temumpang
barisan ibu sing nduwe anak cilik balapan ngindhik
njaluk peresan jamu cekokan kareben bocah-bocah mau
doyan dhokoh mangan
awak lemu aja nganti kabotan
Mbaka siji bocah-bocah digujeri
dipangku karo pupu-pupu lemu
nalika peresan jamu diombekke, pancen kejer-kejer polahe
bagas waras dongane
banjur balapan ngudang rame-rame
mbuh dadi dokter, insinyur apa guru sejati
nanging nganti saiki, durung keprungu
sing ngudang kepengin duwe anak kaya Ronaldo lan Messi.
Semarang, 2026
*Budi Wahyono
Pandhemen sastra. Mapan wonten ing Tlogomulyo, Pedurungan, Semarang.