Langganan

Geguritan Alina Sukesi

Alina Sukesi Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Kamis, 10 Februari 2022 - 21:24 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Godhonge Katresnan

Urip kekancan panas karo udan Gandulan ana ing pucuk-pucuke pang Saklembar-lembare yaiku ngimpi Kang durung rampung

Kawentare trisna selawase Nggawe godhong-godhong kang wus gogrok Pengin urip ngrembaka

Ora dadi ngapa Ngrasakne gogrok bola-bali Amarga ora ana kang sampurna Sakjroning trisna Sak liyaning siji ukara yoiku setya

Madiun, 2022

Padang Bulan

Padang bulan wengi iki Ngelingake nalika cilik Durung enek padang listrik Dolanan ing ngarepan Karo kanca sak pantaran

Jamuran, jamuran Ya ge gethok jamur apa Ya ge gethok Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung Sira badhe jamur apa?

Jaman saiki Bocah-bocah padha ora ngerti Apa iku tembang jamuran Amarga kesenengen hp Dolanan game nganti lali sinaune

Madiun, 2022

 

Trisna Selawase

Aku jaluk ngapura Yen tansah tak celuk jenengmu Ana ing donga-dongaku

Saumpama mengko Tanganku loro Wis ora bisa nulis geguritan Yakinna

Sakjroning ati Trisnaku uwis ngrembaka

Madiun, 2022

 

Aku dudu mawar Kang abang mbranang Aku dudu melati Kang putih memplak

Aku iki lebu Kang nemplok ana ing watu-watu

Tak kandakna marang sumiliring angin Aja, aja nggawa awakku Mabur duwur nyundul langit Banjur kok ceblokne Nganti dlosor mengisor

Aku iki lebu Kang nemplok ana ing watu-watu

Madiun, 2022

 

Mangsa Ketiga

Ing tengah sawah Kang urung enek tanduran Bocah-bocah padha ngumbulke layangan

Tak sawang-sawang Aku mesam-mesem dhewe Banget polahe amrih mumbul layangane

Semono uga awakku Donga, makarya Ngupaya katekan gegayuhanku

Madiun, 2022

 

Mangsa Rendheng

Pirang-pirang dina Udanne ora terang-terang Ibuku sambat Taline kebak pemean Bapak katon sumringah Banyu lumeber ing sawah

Aku dadi bingung Melu bungah apa susah Banjur tak waca Terang- terang mbah kakung negor gedang, arite gowang Terung-terung mbah kakung negor rebung, arite buntung

Udan saya deres Ora mandhi japa mantraku Nanging ibu bapakku dadi gumuyu

Madiun, 2022

 

Kangen

Tansah gumandul ing netra Sliramu priya pepujanku Nyawang bulan Katon esemmu Nyawang lintang Kebak praupanmu

Angin Aku titip kangenku Tulung takonna Apa atine padha Kaya kang tak rasakne Ing jero dhadha

Madiun, 2022

Alina Sukesi lair wonten Madiun, Jawa Timur. Nulis puisi, cerpen, lan geguritan. Asil makaryane wis kamot ing koran, daring, lan buku bebarengan.

Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Geguritan AlinaSukesi
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif