Budi Wahyono Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Kamis, 31 Maret 2022 - 21:36 WIB
ESPOS.ID - Warga antre tuku lenga gore ing sisih kidul Pasar Legi, Solo, Selasa (22/3/2022). (Solopos/Nicolous Irawan)
Antri Lenga Goreng
mbiyen dligen-dligen jejer dawa mung antri lenga patra Lenga gorengan saiki mumbul melu ngadi-adi aku mbayangke nelangsa, apa sawijining mangsa bakal ana antri lenga rambut nalika pabrik-pabrik tumuju kukut?
bruwet kaca televisi wingi nyiarake simbok-simbok sing mlebu balapan ana swalayan kathik banjur ngelingake lomba pitulasan nanging balapan iki krasa nggegirisi tiwas gembrobyos sing kalah nyokot driji
ora sah ngimpi golek gorengan ya Le luwih nyamleng modhel godhogan wae kolestrol ben padha minggir dhewe nanging yen lentho lan klenyem digodhog apa sing dhahar mung simbok?
Tempe Tipis
nggembulenge peluk pawon saka warteg krasa mbeseseg Mbok menawa tempe sing diiris tipis-tipis lan kurang lenga gandane gosong ora mesthi mawane kemrowong sambate panen dhele keprungu saka adoh dhele makarung-karung sing menet timbangan kudune bakal gawe ayem ana sumilere pikiran bobot antep krasa ndhedhepi
nanging mbok toleh bola-bali dhele sing disimpen primpen ana grobog mung ganti ngowohe gambar Togog sliramu banjur kelingan, rong sasi kepungkur dhuwit dhele wis dibanting kanggo nuruti karep sing mlumba mencep-mencep
arep nginguk pabrik tahu? Padha wae kahanane tukang nggiling awak blengkring wis nyampirke kaos merga kringete gembrojog kemotos apa gaweyan kudu gagedigantung nalika juragan sambat ora nate untung?
Kobongan
pasar kobong, pabrik kobong, ati ora urung melu kemromong Aku ora mung nyawang mobal genine, puleg keluk awune pating plethok gembrubug keprungu swara sambate
aku kelingan buruh sing usung-usung karung glepung Munggah-medhun saka trek kanthi ngunjal ambegan sesek kesirep sambat sangu putu telu
pikiranku banjur mabur luwih dawa njedhul sambate Kang Tugino sing lagi mari masuk angin telung ndina sanadyan sirah mubeng nggiyeran kepeksa nekad ngindhik pabrik kelingan sanggeman ngresiki suket
nanging tekan ngarep kantor kahanan kesawang peteng ndhedhet sukete suket krasa neng sirah njindhet!
Semarang, 2022
Kelingan Tuku Lenga
mbuh merga apa, ujug-ujug pikiran mlancong tumuju jaman ketentreman ili ngithire lenga klentik durung ana dligen lan buntel plastikan cukup dimodhel tadhah gendulan gendul cilik tilas wadhah kecap mrambat tekan tilas wadhah obat adol-tuku lumaku prasaja
juragane mung sedhiya blek sing ulese ireng peteng Merga mataun-taun kecipratan lenga klentik sing netes dleweran
nalika lenga buntel plastik lan dligen nyerbu rak-rak toko; sambat getirmu mencok rebutan ana kono ora perlu seg-segan apa maneh bedhigasan kita kudu ngeburke rasa syukur mbukak lempitan jaman mbiyen karak lan gereh sing ora keduman lenga gurih semribit ana ndhuwur mawa
Wonogiri, 2022
Raja Tega
kok tega temen nyimpen ton-tonan lenga goreng Ana primpen ngomah tekan gudhang mburi loteng dijaga sisan karo wong ireng rai kenceng tratapan nyibak hawa peteng nekem siset dhedhet ati
silakna peteng pikiranmu, silakna rereget ing atimu Kuping kandelmu, apa wis ora bisa cetha nangkep geter swara para tangga durung srang-sreng wajan warung cicilan sing mengkis-mengkis ambegan?
Semarang, 2022
Mundhake Rega Daging
rega daging ndedel munggah kecingkrangan anggone nyonggah ngleprek pasrah
mikir thethelan wae sing digelar ana suwekan karung slempitan pasar sapa ngerti mlipir kesasar jebul sesetan empuke daging meksa ora gelem miring
apa mlayokake karep tekan sop buntut? sapa ngerti malah kesruput yen iki kudu paitan kandel jagong mantenan ana hotel sing kudu direwangi ndhesel
Semarang, 2022
Budi Wahyono, lair di kutha Wonogiri. Geguritane kasebar ana ing maneka jinis medhia lan pirang-pirang antologi. Saiki manggon ana pinggiran kutha Semarang 50195.