Langganan

Geguritan Keliek SW

Keliek S.w. Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Jumat, 25 Februari 2022 - 20:59 WIB

ESPOS.ID - Ilustrasi penyeberangan Bengawan Solo. (Dok)

Cathetan Pinggir Bengawan

Ing tepining bengawan iki kringetmu nate kecicir tanpa koksadhari jalaran sliramu kesengsem ngulati abure kupu kuning

Aku dhewe lagi ngerti sawise kringet sing kecicir iku ngganda kecut kaya gandane jaketmu sing ora nate mambu binatu

Saiki coba kandhakna: apa isih ana cuwilan crita ing njerone sak jaketmu ngenani rasa sengsem marang kupu kuning sing mabur mrana-mrene nganti parak enjing?

Lukisan

Wanita kuwi pesen lukisan pastel dheweke sing dadi modhel

Marang si pelukis, dheweke meling, "Wujude lukisan aja mlaha, bahan-pigurane ya sing mingsra, perkara rega, kowe muniya!"

Si pelukis nyawang wanita kuwi ing mripate ana banaspati

Ah, jebul abot sanggane ngugemi kasetyan sing saya lungse antarane esuk lan sore

Nganjuk, 2021

Gelang Karet

Sliramu gelang karet takdirmu mlungker ngeyeyet pengaji ora mingsra yen kecicir ora ana sing gelem nggawa

Gelang karet barang sepele gampang diulur ya gampang pedhote dina-dina ing regemenane bethara kala jatidhirimu sapa sing nggawa?

Sliramu gelang karet dheweke gelang karet nuwun sewu, aku aja katut dieret-eret

Kediri, 2021

Swara Gitar

Sliramu takon: manuk-manuk genthilang kuwi seneng-seneng nikmati kamardikan apa nggetuni rubuhe wit ringin kuning?

Aku meneng sliramu mentheleng

Mungguh aku duwe aji gineng mesthine bisa dakngerteni wicarane sadhengah kewan sateruse dakcritakake marang sliramu utawa dakcathet jroning guritku

Manuk-manuk genthilang manuk-manuk kang sugih tembang

Nganjuk, 2022

Wiji-wiji Gurit

Nyebar wiji-wiji gurit ing tlatah cengkar lan pategalan alit esuk-sore kasiram banyu katresnan

Wiji-wiji gurit iku nitis saka prentuling kalbu nalika nepusi laku antarane siyang lan dalu

Sliramu ngerti?

Aku sing tinanggenah ngupakara wiji-wiji gurit kang thukul ndrebala ora keduga ngliyep senadyan mung sedhela

Nyebar wiji-wiji gurit tuhu setya nggegem pakem lan sanggit

Nganjuk, 2022

Leren ing Alun-alun

Ing alun-alun kuthamu aku leren unjal napas lan ngetus kringet saka jantraning urip lan panguripan sing katon bluret

Wit-witan ngrembuyung sing ngepung pinggire alun-alun prasasat dadi kudhung tumrap among dagang bot-bote golek sandhang-pangan

Lan saiki, ing alun-alun kuthamu, aku nunut leren sedhela sinambi nyruput wedang kopi istingarah bisa nahanani timbule tenaga lan inspirasi

Leren ing alun-alun kuthamu ngadhang kumlebate jubah-Mu

Nganjuk, 2022

Guritan Larang

Guritan sing paling larang dipajang ing ruwang pameran regane dibandrol samilyar

Guritan tulisan tangan iku ngemu daya nggugah semangat egaliter ngelingake marang jatidhiri kadidene bangsa mardika aja nganti kethewer-thewer

Guritan kang gumebyar nganggo pigura sinepuh emas anggitane Bung Besar

Surabaya, 2022

Keliek S.W., lair ing Wonogiri lan saiki dedunung ing Nganjuk. Tulisane wujud guritan, crita cekak, novel lan esai sumebar ing maneka warna hudyana basa Jawa.

Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Geguritan Keliek Sw
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif