Langganan

Geguritan Maria Boernomo

Maria M. Bhoernomo Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Kamis, 18 November 2021 - 07:35 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Wedi Lara

Ana aturan anyar Kabeh warga kudu nganggo masker Supaya memala ora nular Senajan yen keblekepen bisa klenger

Kaya mengkono yen wedi lara Nalika pageblug ndadra-ndadra Sing waras dianggep lara Apa maneh sing lara

Wedi lara Bakal muspra Yen akeh sing ora precaya Senajan pancen akeh sing lara

Pancen wis mbiyen mula Kabeh sing mati mesthi tau lara Embuh apa memalane Embuh pira umure

Nalika akeh sing precaya Marang sapa sing wedi lara Bakal padha kemenusan Banjur kelangan kamanungsan.

Griya Pena Kudus, 2021

Wedi Mati

Sapa sing wedi mati Bakal mati Sapa sing ora wedi mati Uga bakal mati

Ora prelu wedi mati Kabeh sing urip bakal mati Sing mati bakal urip maneh Wis ana papesthene kabeh

Pancen wis lumrahe manungsa Duweni rasa wedi mati Jalaran kakehan dosa Lan lali wetone rina wengi

Nalika wedi mati Kabeh liyan dadi memedi Senajan bebasane urip tanpa memala Jalaran ora ana doltinuku suwarga

Wedi mati Aja dianggep mokal Jalaran kabeh sing urip iki Kadya laler marani kadhal.

Griya Pena Kudus, 2021

 

Remeng-Remeng

Aja Padha Gumun

Aja padha gumun marang wong-wong kuwi Saben blanja njaluk rega-rega dilarangi Nempur beras bae kudu menyang manca Jalaran kabeh sing mbayari negara

Aja padha gumun marang wong-wong kuwi Senajan pendhidhikane tekan es telu Nanging saben ngitung-itung mesthi kleru Lima ping rolas dadi satus apa malah sewu Beras sekilo ping sewu dadi limang ton

Aja padha gumun marang wong-wong kuwi Dipercaya ngedum beras marang kere-kere Malah mripate cadhok lan mbingungi Banjur isane mung eling sanak krabate Sing omahe sakiwatengene

Aja padha gumun Nyawang kanyatan Sing satemene tangeh lamun.

Griya Pena Kudus, 2021

 

Dodolan Banyu

Sansaya akeh sing dodolan banyu Kamangka banyu satemene ora dol tinuku Malah ana banyu dijapani klawan ayat suci Banjur regane dadi larang ngungkuli kopi

Dadi kelingan mangsa mbiyen Banyu kendhi dicawisake ing ngarep omah Sapa bae sing ngorong bisa ngombe Tanpa kula nuwun tanpa matur nuwun

Sansaya akeh sing dodolan banyu Tanpa pakewuh marang sing gawe banyu Kamanungsan banjur kadya sirna Ora ana maneh tetulung marang sapadha

Sansaya akeh sing dodolan banyu Banjur ngangsu dianggep saru Kendhi-kendhi kesingker pager ayu Sumur-sumur kebacut kelangan timba Kamangka banyu duweke kang kuwasa Ora pantes diwenehi rega.

Griya Pena Kudus, 2021

 

Aja Ladak

Pangarsa padha ladak Rakyat cilik dioyak-oyak Sing lali maskeran dadi budhak Kadya kompeni marang pribumi Nalika sadurunge kamardikane nagari Bener-bener nggegirisi

Aja ladak marang bangsane dhewe Ing mangsa pageblug iki Rakyat cilik sansaya kere Yen susah mesti gampang lali

Aja ladak nemen-nemen Kabeh kudune tetep dieman Sing lali pantes nampa sengen Murih kabeh tetep seger kuwarasan

Nalika memala gampang nimbal-nimbal Pancen urip dadi sarwa kedungsal-dungsal Mula aja ladak Aja ladak!

Griya Pena Kudus, 2021

 

Padaringan

Padaringan ing pojok pawon iki Wis kosong kawit sasi wingi Saben dina nempure ora sepira Sawise kapeksa ngiris pedhet jemaka

Saiki kandhang wedhus uga wis kosong Jalaran wedhus sapranak uga wis didol Aja nganti lemari dipan katut digotong Senajan kabeh katon sarwa kemedol

Yen pageblug durung dipungkasi Pabrik-pabrik ora bakal dibukak maneh Bansos saka pamarenthah bakal diwatesi Bocah-bocah bakal kepeksa ngombe teh

Saiki sansaya akeh kawula padha susah Sawise kebon sawah padha dadi omah Akeh ibu-ibu sansaya kangelan ramban Ora ana maneh bayem thukul ing plataran

Kanggone kabeh kawula cilik Yen padaringan kosong mripate mendhelik Embuh tekan sok kapan Bisa maneh ngisi padaringan.

Griya Pena Kudus, 2021

 

Kramas Merang

Mbah Uti rekmane dhawa Wernane ireng gilap banyu tawa Saben dina Jumuwah esuk dikramasi Nganggo cem-ceman awu merang sepanci

Biyung uga tansah kramas merang Rekmane dhawa limang kilanan Nanging wernane wis mublak sawang Jongkate sansaya kagubet brodolan

Kramas merang Wis diganti shampo rentengan Sing wangine kadya kembang Sing jare bisa nyegah thukule uwan.

Griya Pena Kudus, 2021

 

Golek Kroto

Golek kroto dadi pakaryan Jalaran sansaya akih wong ngingu manuk Sing regane sansaya edan-edanan Ana manuk sing ajine padha karo gumuk

Golek kroto wis lumrahe mlebu metu alas Menek wit gedhe dirubung ngangrang Bebasane rawe-rawe rantas Putung kabeh sing malang-malang

Golek kroto kanggo urip bebrayan Pancen sajak ora tinemu akal Nanging murih wareg kudu kangelan Senajan katon mokal

Golek kroto turun temurun Kadya ora ana pakaryan liya Ora usah gumun Aja dikuya-kuya.

Griya Pena Kudus, 2021

Tebu

Tebu ijo apa kuning apa abang Kabeh mesthi manise Bisa dadi gula kanggo wedang Gawe marem sing ngombe

Tebu ing Jawa padha karo tabu ing manca Tau dadi senjata kanggo njajah negara Mbiyen, ing saperangan kutha Kompeni mbangun pabrik gula Rakyat desa dipeksa nandur tebu Nanging gulane banjur diangkut prau

Saiki rakyat wegah nandur tebu Jalaran gula saka manca padha teka Regane medhe tansah dol tinuku Wekasane dadi memala

Tebu pancen manis Sing kuning apa ijo apa abang Kabeh namung lamis Banjur dadi wedang Wekasane dadi memala Sing bakal mretheli raga.

Griya Pena Kudus, 2021

Pari

Sapa nandur gabah Bakal thukul pari Sapa ngrumati pari Bakal panen gabah Mengkono unen-unene Senajan kasunyatane bisa seje

Kawit mbiyen mula Wong tani pancen rekasa Nandur pari kelangan sawah Sawise adol bekakas omah Jalaran tikus padha ngamuk Banjire uga peres gumuk

Pari apa gabah Mambu kringete wong mberah Regane kadya obahe dacin Jalaran impor beras kebacut ora isin.

Griya Pena Kudus, 2021

 

Prasmanan

Dumadining urip enak kepenak Yen saben arep mangan Bisa milih apa sing dipangan Nanging weteng dudu dunak

Mula ora kabeh kudu dipangan Murih ana sisa kanggo sapa Ngombe uga aja nganti kakehan Weteng uga dudu rawa

Elingana pituture wong tuwa Yen memala gawan kemaruk Urip aja nganti kabotan raga Bebasan wit bakale ambruk

Ing kahanan sarwa prasmanan Sapa kemaruk bakal kapiran Kepara marem malah cilaka Katerak memala lan bebaya

Panganan Apa umbenan Yen pancen ana sisa Aja nganti muspra.

Griya Pena Kudus, 2021

 

Maria M. Bhoernomo Pandhemen Sastra Jawa, dedunung ing Prambatan Kidul RT 002/ RW 004 No.755 Kudus 59331 Jawa Tengah

Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif