Langganan

Geguritan Nimas Padmi

Nimas Padmi Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Selasa, 31 Mei 2022 - 08:03 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Wedang Anget

Cukup teh anget lan gurit sak padha pinangka gula aku ngliwati Mei kanthi prasaja Ing kutha iki, kabeh crita wis ilang Kegerus mangsa udan Mula lalekna impen bebrayan Wiwit garise tangan mbunderi, ati iki lila ngedohi

Cukup teh anget, sakliyane wis ben angin semribit anane Ing meja, sak madyane cumepak ati siji Dudu loro kaya karepmu Becike dolanan dipungkasi, ora perlu ana sesambungan Apa meneh ngadang kencan

Wis ora ana kang kudu digunemke wayah esuk Wedang anget milih rasa dhewe Ora perlu dikancani sushi uga spagheti Wedang anget wis wicaksana ngadhepi rina, kang warna lara lapa

Solo, 2021

Gendhing Wadon

Sinau saka simbah, wong wadon kudu ngalah Ora kena nesu, nadyan ati tatu Ora kena ngedan, nadyan dhadha kelaran Cukup dilakoni, ora digetuni

Sinau saka ibu Wong wadon kudu kuwat Ora entuk sambat, nadyan urip mlarat Kudu kerja, ben awak diajeni Kudu cak cek mrantasi, ben ora dipoyoki Sinau saka kahanan Tetep ora wangun, wong wadon ndhisiki : nadyan Kartini nggunem emansipasi

Solo, 2022

 

AL

Ngapuranen Menawa gurit iki dak tulis Meneng-meneng Nalika swaramu kemledang kalem Dudu babagan geni Kang abang edipeni Nanging rasa embuh Sing dumadakan tuwuh Nengeri jangkahku sing dhewe Ing Magrib kang kumlawe

Solo, 2022

 

Gurit Pageblug 1

Ing sisih iki, tak bunderi wulan-wulan pagebluk Kang agawe impen padha njeblug Sakjroning esuk melati

Pandom Wektu

1. Alon-alon dak dondomi, rok putih kembangan biru Karo mote warna langit, kayadene donga sing pengin sanggit Karep ing patemon mengko, sliramu bisa maca Menawa ing sewalik benik, ana tresna bening Ing sak pretelon wengi ganjil 2. Alon-alon dak dondomi, babagan kencan ing tembe mburi

Kanthi tetenger gambar waru Yo ben aku lan sliramu Dadi sawiji ing arum wengi 3. Pandom tugel dumadakan Mergo jangkahmu lunga tanpa pamitan Mungkasi patemon kang durung kalaksanan Rok putih ora sida rampung Cemlorot mote katon suwung Mertandhani: yen tekan semene tresna iki Ndherekke sliramu kondur ing Dumadi

Solo, 2020-2022

 

Kamar Prawan

Wewayangan wayah kepungkur dadi werna tembok Ngrungkepi boneka, laptop lan kangen lawas kang nemplok Sawetara bantal umek dandan Kanggo nemoni impen uga janji embuh Kang nylempit ing sewalik selimut Karo nguncalke pitakon marang sajadah Tekan kapan wengi lumaku dhewekan?

Solo, 2019

 

Pangapura

Lamat-lamat aku wiwitan mangerteni sepining wengi pindha sekar kanggo sliramu

Ing kala mangsa aku ajar nyuthik alif–lam lan haq bebarengan nalika gurit nora saguh rampung kawiwitan Kanthi lisan kakunci, lan krenteg anjajagi Kadidene kembang kang peparing wangi tanpa tetimbang uni Sesidheman, dakcuwile kaprasajan lumantar kopi nalika gunem anyedhaki Mangka yen ing tembe mburi dohing netra kelawan pipi wus nora ana sak inci idinake aku asung aruh saka adoh, sabab ing dhirining sira kapapag donga kang tedhuh memper weninging kawruh

Solo, 2019

 

Gurit saka Ubud

1/ Sakwise bali saka Ubud, setugel gurit meneng-meneng sujud Njejaluk wengi, ben ora mbacutke ngimpi Marang kebul tengwe, marang esem kang ngglape Ben wae angin ngumbar kuciwa lan milih ngedan ing pungkasan carita Amarga aku ngrumangsani, ing netrane aku mung suket teki 2/ Ing semrawut wektu, wangsit tak luru Angekep angen-angen lan kasunyatan Banjur nemoni esuk kanthi werna abang mbranang Amarga ing ratri anane mung sepi Uga babagan kenya kang ora kendho istighfar 3/ Mbesuk, aku bakal lali Putih memplak langit Bali, uga wit-witan kamboja kang nyimpen prasaja Ing kana, aku pengin tansah mekar. Kaya dene mawar. Yo ben sedhela

Solo, 2019

 

Nimas Padmi, penggurit saka Solo. Pirang-pirang tulisanne nate kapacak ing media massa.

Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Geguritan Nimas Padmi
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif