Langganan

Geguritan Sri Harnoko

Sri Harnoko Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Minggu, 28 November 2021 - 21:56 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Kidung Wengi Gugah Ati

Nalika madyaning ratri rumambat Mapak bagaskara jumudhul Apa kang daklakoni? Ya amung dremimil perenging tutuk Ngagungake agunging Gusti Ing NgarsaNe daklungake isi ati Kinanthen muja- muji Tan kapetung puji kang kawetu Lamun madyaing wengi rumambat Sapa aruh lumakuning wektu Dakjingglengi sakehe pari-polahku Kinarya kaca ing kridha Akarana.... Wis ketemu Jangka gatra urip tansah ngrantu Kekiter tan kuwawa kapenggak Nut wilahan urip gumathok Yeku makarya Kumelipe lintrang abyor Nggugah grenjet ati Nglari dunung dewi sri Kang nora suwe pinapak sorot surya Pratandha angga aking iki Tumandhang gawe Ngabidake doran kebak suka Kinarya murwakani lanjaran urip

Mojogedang, Oktober 2021

Warung Kopi

Ratri rumambat sansaya tintrin Ing warung kopi pinggir karang padesan Awake dhewe ngumbar ukara Omong kosong sinambi geguyinan Ngrembug bab kertu tani Ngrembug bab angele tuku rabuk Ngrembug bab pejabat korupsi Ngrembug bab kawicaksanan pamengku paprentahan Tekan ngrembug bab isu- isu murahan Nanging..... Awake dhewe padha lali Metani reregede ing awake dhewe Nadyan ukara pirembugan wis sumundhul awiyat Pindha kangelan ngudi dunung titik uga komane Banjur, Bubar mapak semprot bagaskara anguk-anguk sadhuwure arga

Mojogedang, Oktober 2021

 

Gurit Udan Gerimis

Paripurna pangreksa pungkasan Slirane nganggit gurit Kang mung satlumik Ewasamana rinasa njarem ing ati Tuwuh rasa panelangsaku Anggonku mecaki dalan lungit Tumataning gatra-gatra Nabet ing rasa Wanda-wanda mubal ukara Dak indhit sadawane jangkahku Nadyan kumanan sajimpit mangsa Nalika udan gerimis riwis- riwis Lelumban klawan nelangsane ati iki Kang nedheng garing Koncadan gurit wengimu Gawang-gawang jejogedanmu Lelewa ing tlapukan netra Nabet sajroning jiwa Nora daklilakake Endahing guritmu kapragat kala Esem pait madumu Nunjem teleng ati Miber kumleyang lawan impen Lingsir wengi Puspa mawar abang Tanda sih katresnan Nglayung.... karoban tumetesing luh Wengi wis gingsir Sansaya perih jroning ati Tansah lam- lamen pasuryanmu Tekan seprene tan kuwawa endha Mbengkas kangen iki

Aja lena urip ira Prayoga tansaha ngindhit waspada Aneng madya kaanan pandemic Sarwa peteng lelimengan Ajwa lirwa tansah lelambaran Puji lan donga marang Maha wilasa Pangreksa saindengain donya Ajwa padha kumungkung diri Ngadhepi mubaling gurit virus iki Tan kinira kridane Nyebar memala lan pati Gya dha eling Singkirna rasa wedi Punjulna pangati- ati Ajwa ko kira wis rampung Jaga pribadi kanthi trep Reresik raga uga papan urip Mungguh katekan .... Karaharjan Suka-suka Pikoleh urip ira

Mojogedang, Oktober 2021

 

Gurit Padhang Rembulan

Nalika rembulan sumorot abyor Ing sadhuwuring gumuk cengkar Tangan akingku gumregah nganggit gurit getering gati Nalikane gegodhongan mranggas Koncadan tirta salumahing pertiwi Jroning palereman tan mingsra Dakbabar..... Reroncening tembung dadi kekidhungan Minangka pangrucat srana nyawiji rasa Manunggal ing madyaning mangsa Bungah susah Tansah sesandingan ewasemana..... Ing wektu iki, Nora dakrasa tumetesing waspa Ngrenggani pisiking wektu Ndisiki nguntabake murcamu Kang nedheng makarya Tangis ati iki Tumetes luh jroning netra Nambah jero panandhangku Nglari murcane sliramu Satemene.... Dak antu sliramu Nganti kelaring reroncening gurit Kang nora kuwawa kawedar Nunjem pulung ati Nora ana puputane

Mojogedang, Oktober 2021

 

Gurit Wengi

Nalika ratri wis gingsir Dak papak lumakuning gurit Kang nyimpen carita jaman semana Gawe ati lali mangsa Dak ukir endahe kluwung Sadawane pikir Ngronce gatra-gatra mangsa Minangka mijiling dina Nanging saiki.... Ing ngendi dununge wanda? Gegaman pangeling-eling Sinaraya laku olah batin Srana mapak aran jati diri Dakudi....kanthi Ngrakit ukara-ukara lungit Ewasamana kok muspra Binarung wilahan rasa sepi mamring Dakgunggung Angka-angka apadene aksara Tan kumecap amem Dedhep tidhem madyaning ratri

Mojogedang, Oktober 2021

 

Sri Harnoko Dwija ing SMPN 1 Mojogedang, Karanganyar

Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : LINGSIR WENGI Geguritan
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif