Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

Gawe Omah

author
Sabtu, 8 Agustus 2026 - 17:09 WIB
Gawe Omah
ESPOS.ID - Ilustrasi rumah sederhana. (Freepik).

Esposin, SOLO -- Sawijining sore Pranawa karo Ningsih, pasangan anyar iki lungguh lincak emper sisih etan. Pranawa crita apa anane marang Ningsih. Wong loro banjur glenak-glenik, mesra banget.

”Omah iki omah keprabon, sing nduweni anakku ragil. Anakku liyane wis dak gawekake omah kabeh. Kita iki mung duwe hak ngenggoni. Biyen aku duwe gegayuhan yen anak-anakku wis omah-omah kabeh, aku arep golek bojo. Nanging, ora ngira yen arep duwe bojo Jeng Ningsih. Jebule kelakon CLBK  (Cinta Lama Bersemi Kembali),” ujare Pranawa.

Persib Bandung, Timnas Indonesia dan Percaya Proses

”Wurung prawane kena randhane, ya Mas,” celathune Ningsih karo mesem.

Krungu celathune Ningsih, Pranawa ngesun pipine Ningsih. ”Awan-awan lunga blanja neng Pasar Pahing/ Prawan randha kanggoku ora patek penting,” ujare Pranawa ditembangke kaya tembang Randha Kempling anggitane Manthous.

”Neng Semarang, Mas, tuku gelang apa anting-anting/ Ja semelang, ya ben randha dijamin kempling,” ujare Ningsih melu-melu nembangake Randha Kempling.

Wong loro banjur rangkulan kanthi bungah. Cahyane srengenge warna tembaga dadi saksi katresnane pasangan adiyuswa iku.

"Pekarangan jembar tengen omah iki dadi hak milikku. Pekarangan daktuku nalika aku isih dadi guru. Merga sing duwe pekarangan kepepet butuh njur didol murah. Pekarangan dakbayar nganggo tabunganku, kekurangane utang bank. Sadurunge pensiun utangku lunas. Ing pekarangan iku arep dakgawe omah. Muga-muga Jeng Ningsih sarujuk," ujare Pranawa.

"Ya jelas, aku sarujuk Mas. Yen mangkono pancen luwih prayoga. Omahku ya wis dakwenehake anakku. Awake dhewe ijab iki modale nol. Sing diduweni mung katresnan sing gedhe," ujare Ningsih.

"Iya bener kandhamu Jeng," ujare Pranawa. "Muga-muga Gusti paring lancar sakabehe temahan gawe omah jroning rong taun bisa dadi," mangkono ujare Pranawa.

Ing dhusune, Pranawa akrab diundang Pak Guru. Malahan kanca-kancane sing luwih tuwa ngundange cukup ”Ru,” sanajan wis ora dadi guru. Pranawa iku prasaja penampilane, sumanak lan lembah manah marang sapa wae. Nanging, kadhang kala pola pikire angel ditebak.

Wektu iki, Pranawa arep gawe omah gedhe. Rancangane gawe omah dadi guyonan wong akeh. Maneka model guyonan wis dituduhke ing ngarepe. ”Ya ben kabeh wong ngguyu, sadurunge ngguyu dilarang panguwasa,” ujare Pranawa mbela awake dhewe. Wong-wong nganggep, ana jarak sing ora bisa ditemokake antarane angen-angen lan kasunyatan, antarane obsesi karo profesi. ”Apa bener ngono,” pitakone Pranawa.

Pranawa alias Pak Guru sengaja masang selembar papan ditulisi nganggo cat ireng. ”Ing kene arep digawe omah pensiunan guru. Muga-muga rong taun dadi.”

”Guru edan,” pangucape wong akeh sing liwat.

”Luwih edan endi, dibandhingke wong-wong sing mathok lahan sing dudu duweke? Malah ana wong sing mathok samodra barang,” nggedumele Pranawa.

Pranawa pancen edan nanging ora sakit jiwa. Marga pangitunge mateng, dheweke kedanan duwe omah gedhe. Manuk wae duwe susuh, papan mulih sadurunge peteng, papan turu ing wengi. Pranawa ora gelem dibandhingke karo keong yen omahe cilik lan ciut. Batine Kang Giyam sing pola pikire mbedani.

Nem sasi wiwit diwedharake mega proyek lan papan dipasang pekarangan Pranawa, ora ana owah-owahan babar blas. Wong-wong sing liwat saya nekat anggone celathu lan alok-alok. Nanging, ora ana wong sing wani nyabut papan iku.

Ngancik sasi kapitu ana tandha-tandha, Pranawa mempeng nduduk pondhasi dhewe. Wong-wong liwat padha ngguyu utawa mesem setengahe ngenyek, ”Kapan omah dadi?”

Sajake Pranawa tanggap glagate wong akeh banjur masang papan kapindho ing sisihe papan kapisan. Ukarane, ”Sasuwe-suwene wong gawe omah, luwih suwe sing ngenggoni.” Wong sing maca sansaya omba ngguyune. Nanging, saperangan wong mbenerake ukara iku.

Pungkasan taun sepisan, para tukang karo tenaga liyane mempeng gawe pondhasi. ”Pak Pranawa, hebat omahe meh dadi,” ujare kancane sing seneng nggodha.

”Kebangeten, lagi pondhasi kok diomongke meh dadi,” wangsulane Pranawa.

Dina-dina candhake, ora ana panyaruwe. Wong-wong jeleh, sing ketara mung pondhasi bisu lan budheg. Ora ana tambahan garapan apa-apa. Mbok menawa Pranawa kentekan ragat.

Kemis Wage wayah esuk, para tenaga menggeh-menggeh nyurung songkro isi lemah kanggo ngurug sing ledhok. ”Ru, nganggo truk lemah luwih murah,” sarane kanca kenthele.

Pranawa biyasane ora preduli, saiki nanggapi. Sawetara wong akeh padha mandheg. ”Kanca-kanca, coba direnungake. Yen kabeh wong migunakake jasa truk lemah, pancen luwih murah. Nanging, apa ora kolebat ing pikiran kanca-kanca, menawa tukang songkro uga perlu mangan. Banjur sapa sing arep mikirake?”

Wong-wong meneng kabeh. Ana wong siji kanthi jujur celathu, ”Pak Guru pancen seniman kehidupan. Nanging, ngapa Pak Guru kerep disepelekake?”

Wiwitan taun kapindho, Pranawa mempeng, wesi-wesi dipotong, ditekuk, lan ditaleni kawat kareben kuwat. Pungkasane, dadi apik ragangan kanggo tiang. ”Jebule luwih gampang mbentuk wesi tinimbang mbentuk kepribadian murid,” ujare Pranawa.

Para tukang lan para tenaga liyane mempeng nyambut gawe. Bentuk omah wiwit ketara gedhe, omba, lan kuwat. Nanging, durung ana empyake babar pisan. Akeh wong alok, ”Pak Guru, kuwi omah apa bak mandi? Lha kok ora ana empyake.”

Pranawa mesem kasunyatane pancen mangkono. Dana entek, perlu wektu ambegan. Sawetara iku, saperangan wong mesakake Pranawa sansaya ireng. Nanging, Pranawa ora ngarep-arep bantuan. Kerja iku mulya, ibarate tresna perlu pangurbanan kanggo nggayuh kepuasan, batine Pranawa.

Pertengahan taun kapindho, para tukang kayu mempeng makarya, kayu-kayu disusun, dipaku, digawe atap. Gendheng dipasang rantap lan rapi. Wong-wong alok. ”Emane bentuke atap bekuk lulang mirip kaya gudhang. Luwih apik meneh yen bentuke limasan.”

”Coba bayangna yen kabeh omah bentuke padha. Mesthi kedadean krisis identitas. Akeh wong susah nggoleki, omahe sapa iki?” wangsulane Pranawa.

Sakjane ana alesan liya sing ora diomongke Pranawa, bentuk bekuk lulang ngirit kayu. Kanggo apike kudu dipasang teras. Pungkasan taun kapindho omah durung sampurna.

”Pak Guru! Wektune entek, ulangan kudu dikumpulke,” tembunge bekas muride.

Pak Guru tanggap sindiran iku. ”Tambah sepuluh menit meneh,” ujare karo mesem.

Gedhe banget kawigatene wong akeh marang karyane Pak Guru, nganti kabeh wong melu ngetung target wektu. Rong taun kelewat omah durung siap.

Papan loro sing dipasang rong taun kepungkur dicabut Pranawa diganti papan anyar kanthi tulisan, ”Setaun maneh omah siap huni.”

Pranawa mangu-mangu, setaun dudu wektu sing suwe. Dhuwit wis entek, kari donga sing ora ana watese.

Wong-wong liwat ora nggatekake maneh jalaran omah Pranawa ora ana perubahan babar pisan. Pranawa ora ketok irunge. Dheweke mbok menawa ndhelik, ngatur strategi.

Nalika tanggal abang jejer loro, ana kejutan. Eternit dipasang ing langit-langit, keramik lantai uga dipasang. ”Luar biasa. Elok tenan,” pangucape wong akeh.

Saben dina, Pranawa ngecet tembok. Wong-wong padha alok, ”Pak Guru ngecet dhewe. Lha tukang cet mangan apa Pak Guru?”

Pranawa mesem diserang balik. Dheweke kelingan tukang songkro lan truk lemah.

”Ya mangan sega,” wangulane. ”Ngene ya, dhuwitku winates. Yen ngopahi tukang cat, kwalitase cat rendah. Nanging, yen dakgarap dhewe kwalitas cat tinggi,” ujare Pranawa.

Pranawa pisan-pisan ngaso. Dheweke nyawang omahe seka adoh, rasa marem ngebaki ati. Dheweke mesem kebak kabungahan.

Wong-wong wiwit gumun nanging, saperangan padha iri. Dheweke golek-golek, mbok menawa Pak Guru korupsi.

”Korupsi? Endi nawi Pak Guru korupsi,” bantahe bekas muride. ”Panjenengane pantes dipuji, jujur, sregep, lan kebapakan,” sambunge bekas murid liyane. Dheweke padha takon-takonan lan dheweke uga menehi wangsulan.

Pranawa ora nate crita menawa sisa tabungan ing bank menehi berkah, oleh hadiah. Sanajan ora nomer siji nanging, hadiah iku lumayan gedhe tumrape guru.

Senen Wage sore, Pranawa resik-resik omah, perisapan syukuran. Klasa digelar ngebaki jogan. Karo ngenteni tamu, Pranawa gawe ukara wangsulan yen ana pitakonan, ukara nolak yen ana fitnah, ukara nyerang walik yen ana sindiran, utawa ukara ngempet pangalembana.

Apa isi omahe? Apa sing ditata ing ruwang tamu? Mbok menawa pitakonan iku sing bakal kawetu.

Sedheret buku isining omah. Jroning buku ana masa depan, ana kasunyatan, lembah manah, kajujuran, welas asih, uga katresnan. Mangkono batine Pranawa.

Apa isine kamar sebelah kuwi? Yen pitakonan iki kawetu Pranawai siap wangulan iki. Ing kono gumantung pirang-pirang stel pakaian kerja, PSH, tanpa tandha jasa ambune wangi. Iki asale saka kembang Melati sing daktandur ing ngisor jendhela.

Ing syukuran malem Selasa Kliwon iku Pranawa matur kanthi blaka suta. ”Bapak, Ibu tuwin para sedherek sedaya. Kita lair mboten mbeta napa-napa, lajeng nelasaken gesang nguyak maneka prakara. Nanging, saat wedalipun dumugi, sedaya ingkang kita gadhahi kita tilar. Kita kesah mboten mbeta napa-napa. Kasunyatan menika ngemutaken kita supados mboten nggantungaken bondha donya, pangkat, utawi pangalembana manungsa.”

Kabeh tamu nyimak ature Pranawa. ”Bapak, Ibu tuwin para sedherek sedaya. Kula ing griya menika namung sawetawis,” ature Pranawa.

”Pak Guru badhe pindhah dhateng pundi? Griya menika dipun damel kanthi ragat ingkang kathah lan wedal ingkang dangu. Pak Guru ugi nate nyerat ing papan lan dipunpajang ing pekarangan menika. Sasuwe-suwene wong gawe omah, luwih suwe sing ngenggoni. Ampun goroh Pak Guru. Pokoke apa sing wis tinulis tetep tinulis,” ature bekas muride.

Pranawa mesem karo lingsem. ”Omahku sing langgeng ora ing kene,” wangsulane Pranawa karo mudhun seka mimbar.

Kabeh tamu meneng nanging, pikirane mubal ing awang-awang. Ora ana sing ngerti apa sing padha dipikirake kajaba dhiri pribadhine dhewe-dhewe.


Roch Ediyanto

Pandhemen sastra. Pensiunan Guru Basa Indonesia lan Basa Jawa SMP ing Wonogiri. 

Samenika mapan ing Selomarto,Wuryantoro, Wonogiri.

Editor
Ika Yuniati -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Espos.id

Cerpen soal Krisis Air Bawa Siswi Karanganyar Juara III Nasional

Espos.id

Gawe Omah

Espos.id

Tempe Mlandhing

Espos.id

Kalung Terakhir

Espos.id

Pucuk Merah

Espos.id

Mimpi Ibu

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Sekolah Rakyat Tahap III Dirancang Tampung hingga 3.000 Siswa per Lokasi

Kementerian Pekerjaan Umum menyiapkan pembangunan Sekolah Rakyat Tahap III di 100 lokasi baru dengan kapasitas yang direncanakan meningkat hingga 3.000 siswa per lokasi, menyesuaikan kebutuhan peserta didik dan ketersediaan lahan.

Espos.id nasional

Elite Gerindra Berkumpul di Hambalang Jelang Tenggat Usulan Cawapres

Sejumlah elite Gerindra dan pejabat pemerintahan mendatangi kediaman Prabowo Subianto di Hambalang menjelang tenggat pengajuan dua nama calon wakil presiden kepada MPR pada 25 November 2026, meski agenda pertemuan belum diungkapkan.

Espos.id nasional

Ini Daftar Kapolda dan Wakapolda Baru Hasil Mutasi Polri November 2026

Kapolri Jenderal Polisi Suyudi Ario Seto memutasi 107 perwira tinggi dan menengah Polri, termasuk enam perwira yang mendapat penugasan baru sebagai kapolda dan enam lainnya sebagai wakapolda.

Espos.id pendidikan

Kresek Indonesia Jadi Inspirasi, Green Narrative Siap Hadir di UMK

Bakti Lingkungan Djarum Foundation (BLDF) berkolaborasi dengan UMK dan Solopos Media Group (SMG) menggelar kegiatan tersebut di Auditorium Universitas Muria Kudus, Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Kejagung Tetap Proses Hukum Riza Chalid meski Buron di Luar Negeri

Kejaksaan Agung tetap memproses perkara dugaan korupsi tata kelola minyak mentah PT Pertamina yang menjerat Muhammad Riza Chalid meski tersangka berada di luar negeri, termasuk membuka kemungkinan persidangan in absentia dan tuntutan hukuman mati sesuai ketentuan hukum.

Espos.id nasional

RI-Cina Teken 35 Kesepakatan Rp274 Triliun di Shenzhen, Ini Rinciannya

Presiden Prabowo menyaksikan penandatanganan 35 kerja sama bisnis RI-Cina senilai Rp274 triliun di Shenzhen, mulai dari smart city, EV, hingga etanol.

Espos.id nasional

Gempa Magnitudo 7,2 Guncang Maluku Barat Daya, Getaran Terasa hingga Kupang

Gempa bumi bermagnitudo 7,2 mengguncang wilayah Maluku Barat Daya pada Sabtu (21/11/2026) sore dengan kedalaman 125 kilometer, getaran terasa hingga Kupang.

Espos.id pendidikan

Siswa SMPII Al Abidin Kota Magelang Raih Perak Kejuaraan Karate Nasional

Prestasi membanggakan kembali ditorehkan oleh siswa SMP Islam Internasional (SMPII) Al Abidin Kota Magelang. Kali ini, Muhammad Ikbar Hadiputra berhasil mengharumkan nama sekolah dengan meraih medali perak (Juara 2) dalam ajang National Karate Championship Bhayangkara Eager Series II pada kategori Kumite Under 45 kg SMP Putra

Espos.id pendidikan

Tak Cuma Kejar Target, Begini Cara Siswa SDII Al Abidin Sukoharjo Jaga Hafalan

Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo menerapkan pembiasaan program Tahfidz yang tidak sekadar mengejar target hafalan, tetapi melatih kesabaran, tanggung jawab, dan konsistensi.

Espos.id pendidikan

Dukung Bakat Siswa, SMPII Al Abidin Klaten Bentuk Skuad Futsal Albiten

SMPII Al Abidin Klaten menghadirkan Skuad Futsal Albiten sebagai wadah pembinaan sekaligus pengembangan prestasi siswa di bidang olahraga futsal.

Espos.id pendidikan

103 Siswa SMPII Al Abidin Karanganyar Jelajahi Laboratorium UNS dan Tahir Museum

Kegiatan EDUVENTURE juga menjadi wujud komitmen SMPII Al Abidin Karanganyar dalam menghadirkan pendidikan yang relevan dengan kebutuhan dan tantangan masa depan.

Espos.id pendidikan

Menag dan Kemenag Raih Penghargaan di Bidang Komunikasi Publik

Espos.id pendidikan

Cetak Pemimpin Muda, SMPI Al Abidin Surakarta Gelar Diklat Dewan Galang ACTION

Kebersamaan peserta semakin terbangun melalui kegiatan memasak dan makan malam bersama serta pentas seni antarkelompok. Setiap kelompok mendapatkan kesempatan untuk menampilkan kreativitas dan keberanian mereka.

Espos.id pendidikan

Ditempa di Arena Tinju, Siswa SMA ABBS Sukoharjo Raih Perak Kejurnas Kick Light

Melalui pencapaian ini, SMA ABBS Sukoharjo berharap semakin banyak murid yang terdorong untuk mengenali potensi diri, mengembangkan bakat, dan berani berkompetisi secara positif.

Espos.id pendidikan

Siswa SDII Al Abidin Klaten Olah Limbah Koran dan Botol Jadi Kerajinan Bernilai

Dengan bimbingan para guru, setiap kelompok berdiskusi, merancang desain, hingga mengeksekusi pembuatan karya secara bersama-sama, misalnya botol plastik bekas disulap menjadi tempat pensil meja yang unik dan penuh warna.

Espos.id pendidikan

Sehat dan Bugar! SDII Al Abidin Salatiga Gelar Senam Pagi Tiap Jumat

Senam pagi tiap Jumat menjadi salah satu agenda mingguan sekolah yang diikuti oleh para siswa, guru, dan tenaga kependidikan dengan penuh semangat dalam upaya membiasakan pola hidup sehat sejak dini.

Espos.id pendidikan

ABC RUNWAY TKII Al Abidin Yogyakarta Kenalkan Alfabet lewat Fashion Show

ABC RUNWAY mengintegrasikan beberapa aspek perkembangan anak, mulai dari kemampuan mengenal huruf, penguasaan kosakata, keterampilan berbahasa, kreativitas, hingga perkembangan sosial emosional.

Espos.id nasional

Ahmad Luthfi Raih Penghargaan Tokoh Percepatan Investasi dan Kawasan Industri

Luthfi pun menyampaikan terima kasih kepada seluruh komponen masyarakat atas kontribusinya dalam pembangunan daerah. Penghargaan yang diterima diharapkan menjadi motivasi untuk memperkuat kolaborasi dan meningkatkan kesejahteraan masyarakat Jawa Tengah.

Espos.id pendidikan

Asah Kemampuan Berpikir, KB TKII Al Abidin Surakarta Ajarkan IT Tanpa Layar

Melalui pendekatan ini, siswa diperkenalkan pada dasar-dasar berpikir komputasional, seperti mengenali pola, mengikuti instruksi, menyusun urutan langkah, merancang strategi, dan menemukan solusi dari sebuah tantangan.

Espos.id pendidikan

Seru! Games Festival TK Al Abidin Magelang Ajak Murid Belajar Sambil Bermain

Festival ini dikemas dalam dua zona permainan, yaitu Traditional Games dan Modern Games, yang dirancang untuk memberikan pengalaman belajar menyenangkan sekaligus mengembangkan berbagai keterampilan anak usia dini.